Contoh Pidato Sambutan Peringatan Hari Kemerdekaan RI dalam Bahasa Jawa

Setiap memasuki bulan Agustus, masyarakat Indonesia bersiap menyambut perayaan hari kemerdekaan atau Hari Ulang Tahun (HUT) Republik Indonesia (RI) yang diperingati setiap tanggal 17 Agustus. Peringatan hari kemerdekaan merupakan agenda nasional yang diperingati setiap tahun untuk merayakan hari kemerdekaan Indonesia sekaligus mengenang jasa-jasa para pejuang atau pahlawan dalam mewujudkan kemerdekaan di negara tercinta ini.

upacara 17 agustus
via republika.co.id

Peringatan hari kemerdekaan biasanya dilaksanakan oleh berbagai instansi mulai dari pusat hingga daerah dengan diisi beragam kegiatan seperti upacara, kirab, seminar, tasyakuran, hingga pengajian. Bagi anda yang kebetulan ditunjuk menjadi ketua panitia kegiatan-kegiatan tersebut, pastinya akan mendapat kesempatan untuk memberikan sambutannya terkait terselenggaranya acara tersebut. Lalu apa yang akan anda sampaikan dalam isi pidato sambutan tersebut?.

Pada postingan kali ini, saya ingin membagikan contoh pidato sambutan panitia peringatan hari kemerdekaan dalam bahasa jawa. Mungkin anda sering menjumpai contoh sambutan seperti ini dalam bahasa Indonesia, namun jarang dijumpai yang menggunakan bahasa jawa. Bagi anda yang membutuhkannya, silahkan anda bisa jadikan contoh di bawah ini sebagai referensi untuk anda gunakan sesuai kebutuhan.

Pidato Sambutan Peringatan Hari Kemerdekaan 17 Agustus (Bahasa Jawa)

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinabekten Bapak/ Ibu Kepala .....
Ingkang kinurmatan sedaya Para tamu undangan.
Para kadang wreda mudha ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing rubeda.

Salajengipun, kula ingkang tinanggenah wakiling panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agenging panuwun dhumateng Bapak/ Ibu ..... ingkang sampun paring palilah murih kaleksananing sedya Pengetan Dinten Kamardikan RI ingkang kaping ..... ing kalenggahan punika.

Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para sesepuh pinisepuh dalasan para bapak tuwin ibu, ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para kadang wredha mudha ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.

Para Bapak saha Ibu sarta Kadang Mitra ingkang satuhu bagya mulya, kados sampun kawuningan ing ngakathah sarta kaseksenan ing donya, bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945 Indonesia mbiwaraken kamardikan, sampun boten kabelenggu satunggaling penjajah. Pangorbanan ingkang boten tidha-tidha awujud bandha tuwin pecahing jaja wutahing ludira kapisungsungaken dhumateng bangsa tuwin nagari. Punika kenging kangge tepa palupi dalah kaca benggala dhumateng kita sadaya.

Dene wosing gati wigatosing sedya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu mengeti dinten ingkang agung punika. Wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten ingkang badhe datheng, ngandelaken tekad mbrasta penjajah, njejegaken kamardikan ngudi wilujenging bebrayan.

Menggah wedharan sajangkepipun mungguh ing prastawa ageng 17 Agustus 1945, punika mangke kababar dening panjenenganipun Bapak ..... (Narasumber/ Pembicara).

Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para kadang wredha mudha tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para satriya kusumaning bangsa rikala semanten sanyata boten entheng. Boten agaman bedhil nanging alelandhesan pikir ngukir bangsa tumuju nagari ingkang majeng, adil, makmur lahir lan batin.

Awit saking punika, kanthi ngagungaken asmaning Allah, pengetan Dinten Kamardikan RI kaping ..... punika kula pratelakaken kawiwitan.

Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani, panitya nyuwun gunging samodra pangaksami. Dene kula pribadi ugi nyuwun pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krami tuwin paramasastra.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Labels: Tips & Cara

Thanks for reading Contoh Pidato Sambutan Peringatan Hari Kemerdekaan RI dalam Bahasa Jawa. Please share...!