Contoh Pidato Sambutan Acara Ulang Tahun Sekolah dalam Bahasa Jawa

Sekolah adalah tempat bagi para pelajar menimba ilmu dari para guru sehingga sangat berperan dalam membentuk kemajuan bangsa lewat generasi mudanya. Meski kini telah banyak didirikan sekolah-sekolah di berbagai tempat, keberadaan sekolah yang telah berdiri sekian lama tentu memiliki kenangan tersendiri bagi para alumninya yang pernah menuntut ilmu di sekolah tersebut. Bangunan gedung sekolah pun biasanya telah berbenah seiring dengan tuntutan zaman. 

ilustrasi sekolah
ilustrasi sekolah via Sekolah Kita

Sekolah dengan sejarah panjangnya telah berhasil mencetak sejumlah generasi penerus bangsa yang sukses dalam memajukan masyarakat. Untuk itu, tidak ada salahnya jika diadakan acara ulang tahun untuk memperingati awal mula keberadaan sekolah. Acara tersebut juga sekaligus untuk mengenang dan mendoakan para pendahulu yang telah berjasa dalam pendirian sekolah tersebut. Biasanya diadakan pula kegiatan pameran, bazar, dan lainnya untuk lebih memeriahkan acara tersebut.

Bagi anda yang kebetulan butuh referensi pidato dalam bahasa Jawa berkaitan dengan acara ulang tahun sekolah, contoh pidato sambutan berikut ini mungkin bisa anda jadikan sebagai gambaran pidato anda nantinya. 

Contoh Pidato Sambutan Acara Ulang Tahun Sekolah (Bahasa Jawa) 

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah,
Ingkang pantes sinudarsa Bapak saha Ibu Guru,
Ingkang kinurmatan Bapak tuwin Ibu Karyawan,
Para kadang wredha mudha siswa SMA ...... ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kula penjenengan ngunjukaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kalis ing sambekala.

Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan, saged adamel regenging swasana. Awit saking punika, kula ngaturaken agenging panuwun. Boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksananipun sedya pengetan ambal warsa SMA ingkang kaping ..... ing kalenggahan siyang punika. 

Ugi kula ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak saha Ibu Guru sumrambah Para karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratitising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng Para kadang wredha mudha siswa SMA, ingkang asung sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.

Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya. Kados sampun kauningan ing ngakathah bilih rikala tanggal ........ sekolah punika manggen ing ngriki.

Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. Wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke ngandelaken tekad majengaken panggulawentah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.

Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA ...... dalah pameran, bazar, lan sanes-sanesipun, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah. Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh labetipun para sesepuh tuwin alumni SMA rikala semanten sanyata boten entheng. Boten babad wana awrat, boten ugi damel margi tumuju ing sekolah, nanging alelandhesan pikir ngukir sekolah ingkang majeng, ing babagan prestasi punapa dene akhlak.

Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa SMA kalajengaken mbikak adicara pameran, bazar, lan sanes-sanesipun.

Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang mranani panggalih panjenengan, panitya nyuwun pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.

Nuwun. Matur nuwun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Demikianlah contoh teks pidato sambutan dalam acara ulang tahun sekolah dalam bahasa Jawa. Semoga bermanfaat.

Labels: Tips & Cara

Thanks for reading Contoh Pidato Sambutan Acara Ulang Tahun Sekolah dalam Bahasa Jawa. Please share...!